10 Contoh Teks Pranatacara Dalam Bahasa Jawa

Contoh Teks Pranatacara Dalam Bahasa Jawa

Nurhidayat.id - Assalamualaikum, selamat sore sobat pada kali ini saya membahas pranatacara dalam bahasa jawa. Apa sih pranatacara itu? Pranacara atau MC adalah seseorang yang memiliki tugas atau kewajiban untuk mengatur jalannya suatu acara. Bedanya hanya pada bahasa yang digunakan yaitu dalam bahasa jawa krama.

Dalam menjalankan tugas sebagai seorang pranatacara, kita harus memperhatikan unsur unsur penting seperti wirama, wiraga, wirasa, wicara, dan lainnya. Sebelum melaksanakan tugas sebagai pranatacara ada baiknya melatih mental serta daya percakapan bahasa jawa. Ini supaya dapat menimbulkan rasa terkesan kepada para tamu yang datang.

Berikut 10 Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa

1.Contoh Pranatacara Perpisahan Sekolah


Assalamu’alaikum Wr.Wb

Bapak Kepala Sekolah SMK ….. ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng  Gusti Allah, ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara,  inggih menika :

Atur pambuka
Atur pangandikan saking ketua panita.
Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
Atur perpisahan saking wakil kelas XII
Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK …..
Panutup
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.

Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara  ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah ……. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin.  Matur suwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

Wasssalamualaikum  Wr. Wb

2.Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Pengajian

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;

Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;

Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :

Adicara angka sepisan Pambuka
Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai …………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).

=====

Matur nuwun.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.

=====

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.

=====

Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.

Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.

=====

Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.

Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

=====

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

======

Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.

Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.

Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.

Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

3.Teks Pranata cara Bahasa Jawa Peringatan HUT RI

Assalamuallaikum Wr.Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan,

Bapak Ibu guru , ingkang minulya

Sagung para siswa ingkang kula tresnani,

Nyuwun agunging pangapunten dene kula kumawantun ngadheg wonten ing ngarso panjenengan sedaya, mboten karana kirangeng raos pakurmatan dumatheng panjenengan sedaya. Mila kula ugi kumawantun nyigeg pangandikan panjenengan ingkang saweg wawan pangandikan, awit nampi ayahan supados nglantaraken reroncening acara pahargyan dinten punika.

Amung sakderengipun, sumangga kita ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkanga sampun maringi kita mapinten- pinten kanikmatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal manunggal ing mriki kanthi pahargyan kamardikan Republik Indonesia kanthi wilujeng nir ing sambikolo.

Perlu kawuningan bilih ing dinten punika, Minggu 17 Agustus 2014, pawiyatan SMA…, ngawontenaken pahargyan dinten kamardikan Indonesia.

Menggang urut- urutaning adicara ing enjang punika :


  • Pambuka
  • Sambutan- sambutan
  • Inti
  • Panutup

Mekaten menngang lampahing acara ingkang sampun karakit, ingkang punika mugi panjenengan sedaya kersa lenggah saha ngestreni dumugi paripurnaning pahargyan, nuwun.

Ngancik acara ingkang kapeng sepindah inggih punika pambuka, mangga kita buka acara ing enjang punika mawi maosan basmalah sesarengan , “Bismillahirahmannirahim”. Mugi- mugi kanthi waosan basmalah menika acara saget lumampah kanthi lancar mbonten wonten halangan menapa. Amin.

Kalajengaken adicara ingkang kaping kaleng inggeh punika sambutan- sambutan. Sambutan ingkang kaping sepindah inggih punika sambutan Ketua Panitia ingkang badhe dipun salirani panjenegannipun sederek …….Dhumateng sederek …. .wekdal sumangga katur.

(…….)

Mekaten atur sapala sampun paripurna , sambutan ingkang kaping kaleh inggih punika sambutan Kepala Sekolah ingkang badhe dipun salirani panjeneganipun bpk….. . Dhumateng bpk…..wekdal sumangga katur.

(……..)

Mekaten atur sapala sampun paripurna. Kalajengaken adicara kaping tiga inggih punika inti inggih punika sesorang pahargyan kamardikan Indonesia ingkang badhe dipun salirani sederek …… Dhumateng sederek …… wekdal sumagga katur.

(……..)

Mekaten sesorah saking sederek ….. mugi saget migunani tumrap kula lan panjenegan sami lan nambahi tresna kita marang Indonesia .

Dumugi ing pungkasaning adicara inggih punika panutup. Namung sakderengipun kita tutup mbokbilih anggen kula matur lan ngalataraken adicara ngadahi kalepatan ingkang kirang nujuprana ing ngarso dalem panjengan sedaya saestu kula nyuwun agungin pangapunten. Saklajengipun mangga kita tutup acara ing siang punika kanthi waosan hamdalah sesarengan. “Alhamdulillahhirobilallamin”.

Wabilahitaufik walhidayah. Wasallamuallaikum Wr. Wb.

4.Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Ulang Tahun Sekolah

Assalamualaikum.wr.wb

Kepareng dhumateng Bapak Kepala SMA ……. ingkang dahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru, karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI saha XII ingkang kula tresnani.

Sumangga ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku puji miwah puji syukur dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah pengestu dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga saged kempal manunggal wonten ing papan menika.

Salajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang bade kito lampahi :

1. Purwaka
2. Atur Pambagyaharja
3. Atur Pangandikan saking Ketua Osis
4. Atur Pangandikan saking Kepala Sekolah
5. Dhahar sesarengan
6. Ndonga sesarengan
7. Wasana

Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan, salajengipun kesekecakaken lenggah dumugi paripurnaning adicara.

Ingkang kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara menika dening waosan basmalah. Kula ndherekaken. Matur nuwun, dhumateng panjenengan sedaya amargi sampin kersa purwakani adicara menika dening waosan basmalah.

Salajengipun atur pambagyaharja saking Kasiswaan Bapak Bambang Utoro. Bapak Bambang Utoro kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Bmbang Utoro ingkang sampun kersa atur pambagyaharja.

Salajengipun, atur pangandikan saking Kang Mas …….. minangka Ketua Osis. Kang Mas …… kula sumanggakaken. Matur nuwun dening Kang Mas …… ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.

Salajengipun, atur pangandikan saking Bapak Joko minangka Kepala Sekolah. Bapak Joko kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Joko ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.

Salajengipun, mangga panjenengan sedaya dhahar wonten Aula SMA ……..

Salajengipun, mangga kita lan panjenengan sedaya ndonga sesarengan ingkang badhe dipundhereaken dening Bapak Sumarsono. Bapak Sumarsono, kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Sumarsono, amargi sampun ndherekaken ndonga sesarengan menika.

Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan.

Sumangga kita pungkasi adicara menika dening waosan hamdallah. Kula ndherekaken. Matur nuwun.

Wassalamualaikum.wr.wb

5.Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa Acara Rapat RT/PKK/ Kumpulan Warga

Wonten ngarsanipun poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.

Poro bpk lan poro sederek ingkang kulo hormati, nuwun mbok bilih sampun ndungkap ndalu. Pramila monggo hadicoro pepanggihan wonten ing dalu punika tumunten kawiwitan.

Namung sak derengipun monggo kito sareng2 muji syukur wonten ing ngarso dalem Allah SWT , Ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dumateng kito sedoyo, sholawat sarto salam mugi2 tansah katetepno dateng nabi Muhammad Saw ingkang kito antu2 syafaatipun wonten ing yaumul qiamah.

Poro bpk lan poro sederek sedoyo kebareng kulo waosaken menggah susunan acara ingkang bade kito lampai :


  • Pambuka
  • Sambutan Saking Tuan Rumah (Ketua kelompok rondo malam….)
  • Pinuwunan/amalan kasuwunaken dumateng bpk…
  • Pembukuan
  • Lain2 (Wekdal kito aturaken ketua Paguyuban)
  • Panutup

Monggo pepanggihan ing dalu punika kito bikak kathi waosan basmalah…

Acara sak lajengipun sambutan saking tuan rumah (Ketua Kelompok Ronda Malam…)

Poro bpk Lan sederek sedoyo, Acara sak lajengipun amalan milo wekdal Kasumanggaaken dumateng bpk….

Acara sak lajengipun Pembukuan wekdal kasumanggaaken dumateng ing kang tinanggenah.

Poro bpk lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati, minangkani atur pamundutipun ingkang kagungan dalem kito kacaosan unjukan soho daharan menopo kawontenanipun saking kersanipun katuran dahar soho ngunjuk ingkang prayogi, amrih barokah wonten badan kito sedoyo pramilo kito langkung rumiyen doa sesarengan.

Acara sak lajengipun lain2 namung sakderengipun wekdal kito aturaken dateng ketua paguyupan.

Acara sak lajengipun penutup.

Milo monggo pepanggian ing dalu puniko kito syukuri kanthi waosan hamdalah.

Lan saking kulo ambok bilih anggen kulo nderek aken adicoro ing dalu punika katha klenta klentu kulo nyuwun agunging pangapunten.

Kulo akhiri Wassalamuaalaikum wr, wb

6.Contoh Teks Pranatacara Adicoro Pengantin

Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten…….ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus … bin …kalian Raden ajeng Roro … binti …

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:


  • Adicoro Pambuka
  • waosan pustoko suci al Qur’an
  • Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
  • Istirahat
  • wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
  • Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah——–

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening …. wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten … ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.

Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak…. bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak…..kaaturaken.

(shohibul Bait)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.

Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

7.Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa Acara Pernikahan

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga

Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha

Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung

Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan

Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem

Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian

Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan

Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi.

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

8.Teks MC Bahasa Jawa Acara Pengajian Akbar

Assalamuaikum Wr Wb
Wonten ngarsanipun Shahibil Fadhilah, Al Mukarram, Bapak KH. Wachid Muchtarom M.Pd.I saking tlatah Sinanjer, Madukoro, Banjarnegara ingkang minulyo.

Dhumateng panjenenganipun para alim ulama, ugi para sesepuh, ingkang dhahat kinabekten.

Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Desa Gumingsir Kecamatan Pagentan Banjarnegara, Bapak Bejo Suroso saha perangkat desa samudayanipun ingkang sinudarsono.

Dhumateng sagunging poro rawuh, kakung sumawono putri ingkang dipun rahmati dening Allah.

Langkung rumiyin, wonten kalenggahan ingkang insyaallah kebak berkah punika, monggo kawula dhereaken, ngunjuaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah Swt, kanthi waosan “alhamdulillahi rabbil ‘alamien”, dene punapa ngantos saat punika, kawula panjenengan sedaya taksih pinaringan mapinten-pinten nikmat, rahmat, taufik, hidayah soho inayahipun, sahingga katitik wonten ing siang punika, wanci punika, kawula panjenengan saget kempal manunggal wonten ing punika majlis, ing saperlu angrawuhi Pengetan Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad Saw tahun 1435 H, ingkang dipun dilaksanaaken dening Majlis Ta’lim Al Huda Kalikidang, Desa Gumingsir, Pagentan, Banjarnegara. Mugi-mugi pakempalan puniko kacatet minangka amal kesaenan kawula panjenengan sedaya ingkang mangke wonten ing akhirat badhe nuwuhaken ganjaran saking ngarso dalem Allah Swt. Amien.

Shalawat soho salam mugi tansah katur, konjuk dhumateng ngarsanipun Nabi Muhammad Saw, kanthi waosan
“allahumma shalli ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala ali sayyidina Muhammad”,
Nabi akhiriz zaman ingkang dados suri tauladan tumrap kawula panjenengan sedoyo wonten ing panggesangan punika. Mugi-mugi kawula panjenengan sedaya, khususipun ingkang hadir wonten ing punika majlis kalebet golonganipun ummat ingkang badhe pikantuk syafaatipun benjeng wonten ing Dinten Akhir. Allahumma amien.

Saklajengipun, minongko pranoto adicoro, kirang prayogi menawi kawula ngathahaken atur. Pramilo, keparengo kawula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening panitia:

Adicara ingkang angka pambajeng, inggih punika pambuka.
Adicara ingkang angka kalih, inggih punika waosan ayat suci Al- Qur’an.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan- sambutan.
Kalajengaken adicara ingkang angka sekawan, kawula panjenengan lumebet dhumateng adicara ingkang inti, inggih punika, Pengaosan Akbar saking Panjenenganipun Bpk. Drs. KH. Wachid Muchtarom, M.PdI. Ingkang badhe dipun iringi kalian pagelaran seni budoyo Wayang Kulit Dakwah “Ngudi Nugeroho” pimpinan Ki Dalang Wahyono saking Madukoro Banjarnegara
Wondene adicara ingkang pungkasan, nun inggih panutup.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sumonggo adicara wonten ing dalu puniko kito awiti sesarengan kanthi maos surah Fatihah.

Liridhalilahita’ala wa syafa’ati rasulillah shalallahu ‘alaihi wasalam alfatihah:

Mugi-mugi kanthi waosan suratul Fatihah punika, adicara punika mangke sagedo lancar wiwit awal dumugi akhir. Amien.

Adicara ingkang angka kalih, badhe katur waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang dalu punika badhe dipun aturaken dening sedherek Hadiman kanthi Saritilawah sedherek Hesti Rahayu,

Dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, kawula sumanggaaken.

Matur nuwun dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pikantuk ganjaran ingkang murwat saking ngarso dalem Allah Swt. Kawula panjenengan ingkang midhangetaken ugi pikantuk rahmat saking ngarso dalem Allah swt. Mugi-mugi kanthi waosan ayat suci Al- Qur’an kalawau, saged dados sarana saya lancaripun adicara wonten ing dalu punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kito lumebet dhumateng tataran adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan-sambutan.

Ingkang sepindah, sambutan saking panitia, ingkang badhe dipun sarirani dening panjenenganipun Bapak Aji Nur Wibowo. Dhumateng panjenenganipun Bapak Aji Nurwibowo kawula sumanggaaken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Aji Nurwibowo ingkang sampun kerso paring sambutan amawili panitia.

Saklajengipun, sambutan ingkang kaping kalih, inggih punika saking Bapak Kepala Desa Gumingsir. Dhumateng panjenenganipun Bapak Bejo Suroso, kawula sumangga’aken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Bejo Suroso minangka Kepala Desa Gumingsir ingkang sampun kerso paring sambutan wonten ing adicara dalu punika.

Hadirin wal hadirat rahimakumullah’ Mekaten kalawau, sambutan mbaka sambutan sampun katur wonten ing ngarso panjenengan sedoyo.

Saklajengipun, lumebet dhumateng adicara ingkang angka sekawan, nun inggih adicara inti, Pengaosan Akbar babagan Isra’ Mi’raj ingkang wonten ing kalenggahan punika badhe dipun wedharaken dening Panjenenganipun Bapak KH. Wachid Muchtarom, M.PdI ingkan badhe dipun iringi kalian pagelaran Wayang Kulit Dakwah “NGUDI NUGEROHO” pimpinanipun Ki Dhalang Wahyono saking Madukoro Banjarnegara. Lajeng mangke wonten akhiring Pengaosan dipun suwun barakah doa’ipun sekaliyan adicoro panutup.

Para lenggah ingkang kinurmatan, Sakderengipun panjenengan Almukarom Bapak KH. Wachid Muchtarom medharaken pengaosan, kawula minongko pranoto adicara mbokbilih wonten klenta klentunipun atur, saha kirang trapsilaning atur, purwa, madya, wasana, kawula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.

Dhumateng Panjenenganipun Bapak Drs.KH. Wachid Muchtarom, M.Pdi, wekdal sakcekapipun sumonggo katur.
Minongko pranoto adicoro Kawulo akhiri Billahittaufiq wal hidayah, wa rridha wal inayah.

Tsumassalamu’alaikum Warahmatullah Wabarakatuh.

9.Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Pengajian Akbar

Assalaamu’alaikum Wr.Wb

Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo.
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti.
Ingkang kinabekten Takmir Masjid At-Taufiq Taji.

Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko:

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko
Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Do’a
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek Anik, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan:
Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Remaja Islam Taji, dumateng panjenenganipun saudara Hartono wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Taji, dumateng panjenenganipun Ibu Indri Astuti wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir Masjid At-Taufiq Taji, dumateng panjenenganipun Bapak Samsul Mawarwan,SE wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun Ustadz Wuntut Wawan Sembodo saking Jogjakarta, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

10.Contoh Teks Pembawa Acara Bahasa Jawa Idul Fitri Halal Bihalal

Assalamualaikum Wr.Wb

Sak derengipun sumongga kula derekaken memuja lan memuji dumateng ngarso dalem Allah SWT ingkan smpun paring rahmat, taufik hidayah sarta inayah ugi ing wedal dalu punika mboten karaos kulo panjenengan tansh pinaringan nikmat kesehatan, kesempatan, iman lan islam. Shalawat saha salam mugi katetepaken wonten ngarso dalem Nabi Agung Muhammad SAW inggkang dipun tengga syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah.


  • Para hadirin rahimatullullah ingkang dipun mulyakaaken dening allah SWT, ugi katur dumateng panjenenganipun Bp. Lurah….(nama pejabat daerah) ingkang kawula hormati.
  • Panjenenganipun Al mukharom Bp Kyai…(nama ustad) ingkang kawula hormati
  • Panjenenganipun para pinisepuh-saha sesepuh wonten ing padukuhan dukuh….(nama desa) sowanipun ingkang hanggung mastuti dumateng popayaning kautamen ingkang pantes nampi pakurmatan.
  • Boten katalumpen kunjuk panjenenganipun para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi ingkang pinangka kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.
  • Para tamu undangan ingkang satunggal bapa satunggal mboten saged kawula sebataken ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.


Gegandengan wedal sampun winanci, pramila pangaosan sak lebetipun acara halal bihalal ingkang diwontenaken rutin setunggal tahun sepindah wonten ing dukuh…(nama desa) leresipun wonten dalemipun…(nama tempat diadakan acara halal bihalal). kaparengo kula sumawelo atur soho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan punapa dene imbal wacana ingkang saperlu badhe ngaturaken urut reroncening adicara wonten ing dalu punika.

Menggah rantamaning adicara Halal-bihalal ing ratri punika nuwun inggih:


  1. Pambuka
  2. Gema Wahyu Ilahi punapa dene waosan ayat suci Al Qur’an.
  3. Prakata Panitia
  4. Ikrar halal bihalal
  5. Inti acara Halal bihalal
  6. Penutup


  • Bilih adicara ingkang sepindah Pambuka : sumangga adicara halal bihalal punika dipun bukak kanti waosan umul kitab ” Al-fatiqah”
  • Sampun paripurna adicara pambuka pramila adicara ingkang angka candak ipun nuwun inggih waosan Gema wahyu Ilahi puanapa dene waosan ayat suci Al Quran ingkang bade kasarira dening kadang kula anem : Sdr……(Qori’) dene ingkang maos sari tilawah (pembaca arti ayat dalam Qur’an) kapiji dening Sdri….
  • Purno diniro Gema wahyu ilahi badhe kapacak menggah rantamaning adicara Prakata panitia. Prakata panitia dipun wedhar dening Prakata sambutan saking kepala kelurahan ….( nama pejabat daerah setempat). lanjut Prakata panitia pelaksana (nama ketua panitia pelaksana).
  • Ikrar halal bihalal : bilih ingkang badhe hangaturaken ikrar halal bihalal minangga sulih sariro saking kadang pemuda kapiji Sdr…wondene ingkang badhe nampi pinangko wakil saking tiyang sepuh kapiji panjenganipun Bp…(nama wakil dari pihak orang tua/tokoh masyarakat)
  • Inti acara halal bi halal punapa dene Maedho khasanah ingkang badhe kasariro panjenenganipun Al mukharam Bp Kyai …(nama ustad) lan ing pungkasaning pengaosan punika kaparengo katutup kanti wasilah doa.

Penutup
Sang ya ning para hadirin ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT ingkang agung sinenggo ing akrami. Mbok bilih sampun paripurna anggen kawula hangayahi jejibahan pinangka pranata acara halal bihalal wonten ing ratri punika, pramila bilih wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur. Ugi hambok bilih wonten kelepataning atur kawula, mbok bilih dadosaken kurang renaning penggalih wonten ngarsa panjenengan kula tansah nyuwun agengeng pangapunten.

Akhirul salam wabilahi taufik wal hidayah,

Wassalamualaikum Wr.Wb

Related Posts

Subscribe Our Newsletter